MATERI GEGURITAN 2010
Dening: Kang Kardjito
Ajar Waskitha
Muridku,
Sadurunge kowe mukti
Ngundhuh wohing pakarti
Bisa nglungguhi kursi dhampar kamulyan
Ombenen tirta paweling winisuda
Sinaua marang lakune wulan lan bagaskara
Kang ora wedi kesel tansah ngirim pepadhang
Sinaua marang rukune kartika lan gegana
Kang ora bosen gawe endah sesawangan
Ngajia marang kasetyane rina lan wengi
Kang gumati ngati ati
Ora nate geseh menehi titi wanci
Muridku,
Mlakua mangulon
Tututana lakuning srengenge
Mumpung isih padhang
Singkirna kabeh pepalang
Kukuden mungsuh bebuyutane wanara
Kang mbiyen nate mboyong Dewi Shinta
Ngasorake Prabu Rama
Dene sorot katutup wana kalinglingan arga
Manjing ing dhasar samudra
Iku wis dadi samesthine
Muridku,
Mlakua mangetan
Pethuken lakune rembulan
Ing wengi iki
Wasuhen sukmamu nganggo iman lan takwa
Lungguh sila khusu lan tafakur
Ajar waskitha
Marang umah balimu
Panggonanmu saiki
Panggonanmu mbesuk
Si Mbah Uga Manungsa
Ing ari anggara jenar
Wanci suruping bagaskara
Surya kaping nemlikur rongewu sepuluh
Ing tapel wates tanah nggunuk
Wedhus gembel ngamuk
Bareng karo bledug awu anget
Nyapu ereng ereng wana
Kiwa lan tengen
Ngluluhake Kinah Rejo saisine
Ing Cangkringan
Padhukuhan pucuking Sleman
Ing ari anggara jenar
Wanci suruping bagaskara
Surya kaping nemlikur rongewu sepuluh
Merapi njeblug ………
Ngukut umah kuncen Mbah Marijan
Tumpes…..
Ndadekake udan luh
Grimis tangis
Banjir getih
Nggegirisi……….
Kanthi pasrah lan sujud
Mbah Marijan milih kondur
Ngadep ing ngarsane Gusti
Nyawiji rohing Merapi
Kabeh mau mbuktekake sawijining kasunyatan
Dene ngelmu ilmiah ing pawiyatan luhur
Bisa ngasorake ati kang atos ngluwihi waja
Ora ana sing salah
Kabeh bisa seleh
Si mbah uga manungsa
Urip iki pindhane wayang
Ana sing nganggit
Ana sing nata
(Hasbunallah wa ni`mal wakil
Ni`mal maula wa ni`man nashir)*
*
Artinya: Cukuplah bagi kami Allah menjadi Tuhan kami dan Dialah sebaik
baik wakil atau yang membereskan urusan,Dialah sebaik-baik pemimpin dan
penolong.
Aku Dudu Pujangga
Wengi kemulan pedhut
Peteng ndhedhet lelimengan
Angin nggawa grimis ngirim udan
Adhem nyokot kulit tumus daging
Ing wanci gagat raina
Aku isih angon ngumbar angen-angen
Apa sing bakal dak sumbangake
Sawise mletheking bagaskara (?)
Aku dudu pujangga
Kang wasis ngukir gurit
Ngrakit ukara
Aku uga dudu maestro
Kang trampil ngracik tembung
Ngripta tembang
Mawa basa rinengga
Aku dudu dhalang
Kang bisa ngudhal piwulang
Kanthi piranti kelir lan wayang
Aku uga dudu dhukun
Kang bisa ngusadani lelara
Sebel lan puyeng
Kanthi jopa japu japa mantra
Aku iki hamung rayat
Dadi rewang sanak kadang sabrayat
Nadyan upet kari sagebyaran
Muga-muga bisa migunani
Gawe bungah ati liyan
Aku iki hamung pamong
Tukang momong anak uwong
Nadyan damar kari saklerapan
Sapa ngerti bisa gawe padhang
Anak putu sanak kadang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar