Selasa, 16 Oktober 2018





Bapa Biyung
                  
Sore  kemulan pedhut
Nggawa angin campur grimis
Adheme ora uwis-uwis

Dhong godhong meniran
Inyong ngendhong ora rubungan

Mbang kembang ciplukan
Sinau bareng ora dolanan
                            
Nggelar klasa tanpa kampil tanpa guling
Njagong setengah thongkrong mbukak buku udu piring
Silah slonjor jejege dhoyong miring-miring

Engsad-engsod kathok guluh klambi nglinthing
Lungmayan ngesuk mlebu ora kepontang-panting

Sore kemulan pedhut
Inyongkemutan bapa biyung
Sing lagi metonggo ngenteni inyong

Sore kemulan pedhut
Nggawa angin campur grimis
Adheme ora uwis-uwis

Dhong godhong kelapa
Inyong ngendhong kemutan bapa

Mbang kembang lembayung
Ati nggrentes kemutan biyung

Bapa siji biyung siji
Kabeh tek jaga ngati-ati
Aja ngasi gawe lara
Aja ngasi gawe gela
Apa maning ngasi durhaka
                                                                                      
Aku baliiiii……..Yuuuunnnnngggg….


KLONENG-KLONENG

Kloneng…..kloneng……..kloneng!!!!
Kiye udu sewara sepur
Sing lagi mlaku neng setasiun Karanggandul

Kloneng….kloneng……kloneng!!!
Kiye udu sewara lonceng
Sing muni neng pucuk gereja
Sebab neng kene anane masjid lan mushola

Kloneng…..kloneng……kloneng!!!!
Kiye uga udu onine bel sekolah
Sebab sekiye mbeke jam nem punjul selawe

Kloneng-kloneng kiye
Sewara sekuter enam Sembilan
Sing lagi dhindhek-dhindhek tretehan
Mlayu kaya wong mlaku nggawa sedhetan
Maring sekolahan

Ngosssss….cegrek, ngoossss cegrek ngik….!
Kiye udu sewara sekuter bodhol wingi sore

Ngossss…cegrek, ngooossss…cegrek ngik….!
Kiye sewara ambekane inyong sing bubar degawa mlaku setengah mlayu
Mergane tumpakan winginane wis dejaluk sing duwe…..

Ngosss…cegrek, ngooossss… cegrek, ngikkkkk…..
Pangapura inyong keri nyambut gawe
Tulung omongna maring kepalane!

Cegrek ngiikkkkk…….!





Gumbeng Pring Tali                        Kardjito Kardjit

Neng wayah sore
Nalika angin glewehan karo srengenge
Neng lemah rata rapet neng suket
Krungu sewara gumbeng pring tali
Nyumbang wara-wara
Kahanan ganti ora kepengin bali

Neng wayah wengi
Nalika wulan dolanan karo lintang
Neng umah kulan pedangan
Krungu kidung tengah wengi
Gerongan gumbeng pring tali
Nyumbang wara-wara
Kahanan ganti ora kepengin bali

Neng wayah esuk
Nalika embun uber-uberan karo pedhut
Neng pinggir sawah
Esih krungu sewara gumbeng pring tali
Senajan lirih nyanthel ati

Ting tung ting brung iwak ayam…
Sega jagung ora doyan
Munggah gunung olih prawan…..

Ting tung ting brung kiye
Crita si Mbah jaman semana
Sekiye wis deganti
Sewarane  ring tone lan orgen tunggal
Sing ngebeki langit

Gumbeng pring tali
Nyumbang wara-wara
Ning sekiye mbuh neng endi


Prit Ganthil, Oktober 2010


Parikan Lawas Wong Banyumas

Darkim bin Darnuji putune kaki Rasmiarji
Guru benuman taun sangang puluh siji
Neng SD Negeri Suka Melasi
Kecamatan Semoga Sida Mukti
Tekan siki urung sertifikasi
Esih akeh tunggale ora kena dekemelasi

Bola bali nabok bathuk ngelus dhadha
Ndeleng mentheleng kahanan sing nyata wera-wera
Si Iswera anakke ibu Risrawa wong Sokawera
Pintere ora sepiraha rajine ora patia
Tembe nem, taun nampa SK
Numpak portofolio langsung kegawa
Lega, lega, lega……..lega………

Wanti-wanti ora kena meri ora kena iri
Urip ana kalane pait ana kalane legi
Padha sing seneng aja degawe ati
Kabeh mau sing ngatur Gusti
Rekasa dhisit mukti keri
Sing penting padha guyub rukun lan ngati-ati
Dunya brana ora degawa mati

Kathok biru klambine ireng
Nyolong terasi lebokna slepa
Dadi guru kudu sing seneng
Urung sertifikasi ya ora papa

Nguculi kutang aja depuntir
Angger depuntir rusak taline
Kakehen utang aja depikir
Angger depikir rusak atine

Godhong nyangku nggo wadah benter
Nggawa cipir nduwur sekuter
Senajan ngaku sing paling pinter
Ora mikir batir mati keblinger

Esuk-esuk wis kasak-kusuk
Njugur methuthuk methenguk ngelus-ekus bathuk
Mingak minguk karo manthuk-manthuk
Mikir utang sing wis numpuk
Kelalen adus kelalen raup
Kucluk…..!Sumbang, Oktober 2009



SEPUR LEMPUNG


Jaman sepur lempung
Sarapane sega jagung
Lawuh kluban lembayung
Monjo-monjone godhogan kangkung
Ora kebek seperes cemung
Jaman sepur lempung
Wong padha rekasa ora etung
Sinau ngadhep senthir latung
Esuk-esuk langes mlebu irung
Kaya lutung mambu karung
Ngang…ngung…ngang…ngung….
Sekolah padha mlaku
Ora nganggo seragam ora nganggo sepatu
Bocah ora padha wani saru
Duwe tekad nggolet elmu
Senajan mandheg njebol kelas telu
Wong tuwa esih padha lugu
Guru esih degugu lan detiru
Pak guru awake padha gering kuru
Kurang turu kurang sangu
Bu guru kurang ayu ora kemayu
Angger olih pekothor gedhene karotengah ewu
Padha cekakakan nguya ngguyu
Hua haha haha hua huhu huhu….
Weleh weleh………
Anak, putu, buyut,
Canggah, wareng butul udheg-udheg gantung siwur
Muga-muga padha dawa umur
Duwe awak nasibe mujur
Menangi jaman makmur jibar-jibur
Kepengin mukti kudu sing ngati-ati
Wanilara wani mati
Kepengin mulya kudu gelem rekasa
Aja seneng guleran dosa
Jaman makmur
Ora mung jamane wong sing urip neng dhuwur
Wong cilik sing rekasa gelem uwur
Sing sugih dawa tangane mripate blawuk lamur
Nilep pajeg rakyat jere nutur
Sekethip kena nggo plesir maring Singgapur ping selikur
Wis tlikur tambah ngawur…..


Gumbeng Pring Tali             

Kardjito


Ing sore
Nalika angin gegojegan karo srengenge
Ing tegalan tanah rata padhang sesuketan
Keprungu swara gumbeng pring tali
Nyumbang wara-wara
Kahanan ganti ora bakal lali

Ing wengi
Nalika rembulan gegojegan karo lintang
Ing umah lan pedangan
Keprungu kidung tengah wengi
Kairing gumbeng pring tali
Nyumbang wara-wara
Kahanan ganti ora bakal lali

Ing esuk
Nalika embun gegojegan klaro pedhut
Ing pinggir sawah
Esih keprungu swara gumbeng pring tali
Nadyan lirih merak ati

Ting tung ting berung iwak ayam…
Sega jagung ora doyan
Munggah gunung olih prawan…..

Ting tung ting brung iki
Crita si Mbah jaman semana
Saiki wis diganti
Swarane orgen ring tone lan orgen tunggal
Kang ngebaki angkasa

Gumbeng pring tali
Nyumbang wara-wara
Ning saiki wis padha lali


Aku Dudu Pujangga             BJ. Kardjit

Wengi kemulan pedhut
Peteng ndhedhet lelimengan
Angin nggawa grimis ngirim udan
Adhem nyokot kulit tumus daging

Ing wanci gagat raina
Aku isih angon ngumbar angen-angen
Apa sing bakal dhak sumbangake
Sawise mletheking bagaskara

Aku dudu pujangga
Kang wasis ngukir gurit
Ngrakit ukara

Aku uga dudu maestro
Kang trampil ngracik tembung
Ngripta tembang
Mawa basa rinengga

Aku uga dudu dhukun
Kang bisa ngusadani lelara
Sebel lan puyeng
Kanthi jopa japu japa mantra

Aku iki hamung rayat
Dadi rewang sanak kadang sabrayat
Nadyan upet kari sagebyaran
Muga-muga bisa migunani
Gawe bungah ati liyan

Aku iki hamung pamong
Tukang momong anak uwong
Nadyan damar kari saklerapan
Sapa ngerti bisa gawe padhang
Anak putu sanak kadang



Kali Jurig, Oktober 2010


Si Mbah Uga Manungsa         BJ.Kardjit

Ing ari anggara jenar
Wanci suruping bagaskara
Surya kaping nemlikur rongewu sepuluh
Ing tapel wates tanah nggunuk
Wedus gembel ngamuk
Bareng karo bledug awu anget
Nyapu ereng-ereng wana
Kiwa lan tengen
Ngluluhake Kinah Rejo saisine
Ing Cangkringan
Padhukuhan pucuking Sleman

Ing ari anggara jenar
Wanci suruping bagaskara
Surya kaping nemlikur rongewu sepuluh
Merapi njeblug…..
Ngukutumah kuncen mbah Marijan
Tumpes….ndadekake udan luh
Grimis tangis
Banjir getih….
Nggegirisi………

Kanthi pasrah lan sujud
Mbah Marijan milih kondur
Ngadep ing ngarsane Gusti
Nyawiji rohing Merapi

Kabeh mau mbuktekakae sawijining kasunyatan
Dene ngelmu ilmiah ing pawiyatan luhur
Bisa ngasorake ati kang atos ngluwihi waja

Ora ana sing salah
Kabeh bisa seleh
Si Mbah uga manungsa
Urip iki pindhane wayang
Ana sing nganggit
Ana sing nata

(Hasbunallah wa ni’mal wakil
Ni’mal maula wa ni’man nashir)


Genting, Oktober 2010


Geguritan

Ajar Waskitha               Kardjito kardjit

Muridku,
Sadurunge kowe mukti
Ngundhuh wohing pakarti
Bisa nglungguhi kursi dhampar kamulyan
Ombenen tirta paweling winisuda

Sinaua marang lakune wulan lan bagaskara
Kang ora wedi kesel tansah ngirim pepadhang

Sinaua marang rukune kartika lan gegana
Kang ora bosen gawe padhang sesawangan

Ngajia marang kasetyane rina lan wengi
Kang gumati ngati-ati
Ara nate geseh menehi titi wanci

Muridku,
Mlakua mangulon
Tututana lakune srengenge
Mumpung isih padhang
Singkirna kabeh pepalang
Kukuden mungsuh bebuyutane Prabu Rama
Kang mbiyen nate mboyong Dewi Shinta
Ngasorake Prabu Rama
Dene sorot katutup wana kalinglingan arga
Manjing ing dhasar samudra
Iku wis dadi samestine

Muridku,mlakua mangetan
Pethuken lakune rembulan
Ing wengi iki
Wasuhen sukmamu nganggo iman lan takwa
Lungguh sila khusu lan tafakur

Ajar waskitha
Marang umah balimu
Panggonanmu siki
Panggonanmu mbesuk

KEJUJURAN 16

Tangan kananku lebih besar dari tangan kiriku. Apa pasal? Ternyata ini ekses dari sebuah hobi yang lagi 'mbuming' yaitu mancing..... Seminggu bisa 5 kali ke sungai untuk menthelengi kumbul. Asyik.....

Minggu pagi kami sudah berencana mbolang ke Sungai Klawing di sekitar jembatan Linggamas bersama teman-teman. Karena telah direncanakan pulang sampai malam,maka saya ajak anak lanang untuk jaga-jaga 'penyerangan' yg biasanya melebihi suara mrecon.

Benar saja.....anak saya keasyikan,baru pukul 7 malam kami baru beranjak pulang. Dalam perjalanan,saya membrifing anak lanang. Sampai rumah tentu lebih malam karena harus mampir makan dan beli jajan anak.
"Ngko nek deomeih beyungmu,ngomonge ko sing ajek mancing ya?"
"Ya laaahhhh....." Jawab anakku singkat.

Sampai rumah.......
"@#$*!!!! >'=)&8****$$#@!:"*&% !!!?&*?)$#@!+_)(&*^&%^$####@!$%%^^&**(????&*()!!!!!.........."

Setetengah jam kemudian.......
"Bapake sing ajek....., Aku ora gelem depaksa bae!"

"@#!!!!((>>>:>>>"I*&%$$$)(#@!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!......................."

😪😪😪😪😪😪😪😪😪😪😪😪😫
KEJUJURAN 15

Tegesan Suling

Era 93 kami meneruskan hobi pd saat sy remaja yaitu ngumpul bermain musik dangdutan. Musik dangdut dg peralatan seadanya dari hasil urunan. Kalau ada yg punya rezeki ya beli perlengkapan baru. Suatu ketika sy punya uang untuk beli Seruling bambu satu set. Wah bahagia bukan kepalang. Karena lg suka2nya berlatih,sy kadang pulang hingga larut. Ditempat latihan kami berbaur laki perempuan. Kadang juga ada yg 'ngendong' kerumah.
Suatu sore ketika sy mau ambil seruling dirumah hendak latihan.... seruling itu tak sy temukan. Berjam-jam sy cari tetap tdk kutemukan. Akhirnya sy tidur...tak jadi pergi.
Pagi harinya sy cari lagi hingga di dapur..ehhh....di bibir tungku terlihat sisa seruling tinggal beberapa cm.
Ternyata.....seruling itu dibakar oleh yayangku.....karena cemburu sy sering bareng sama biduan. Seruling yang tinggal "tegesan"nya itu sy dorong masuk kedalam tungku dg harapan ora ngetoni mata.
Aku ya meneng bae..... Tak ada tanya,tak ada pengakuan.....tak ada cerita. Hingga sekarang....Mung kemutan bae....
KEJUJURAN 14

BON KULON. Itu tempat biasa untuk temu kangen kami disaat ada rezeki. Jadi reuni itu kami laksanakan bukannya setahun sekali,tapi sifatnya insidentil. Suatu malam sehabis 'ngelur kabel' bersama beberapa sohib,saya keluar room duluan bermaksud utk membayar (berlagak jadi boss). Tp setelah saya ambil dompet....zonk. Saya rogoh saku demi saku,slempedan demi slempedan. Zonk.... Duh....ternyata ada penyamun di Kebon Kulon. Terpaksa saya bisik2 tk kasir sambil menyerahkan KTP dan SIM B1.
"Aja brisik....ngko tek jukut. Kalem bae kaleeemmmm......"
KEJUJURAN 13

Curhat kali ini saya berharap tidak terbaca oleh sahabat dunia maya. Itu pula yang menyebabkan saya jujur, walau ada sedikit sensor.

Jumat pagi usai subuh,istri sedang sibuk di dapur. Saya lagi aktif nonton tipi sambil ngopi. Tiba-tiba anak pertama kami yang saat itu berumur 2 tahun menangis. Saya langsung buka pintu belakang,

"Bu,bocahe tangi maning,Bu.....!"

Istri yang setia,taat dan 'bekti maring wong lanang" langsung menjawab,

"Iya Pak.....tanggung. Masuk kamar dulu ya...?"

Sayapun langsung masuk kamar dan mencoba menenangkan si kecil. Alhasil anak saya diam dan tertidur lagi.

Beberapa menit kemudian istri saya masuk.....dan bukannya fokus ke anak yang tadi saya laoprkan, tapi ia langsung 'tidur'.

(Pagi itu gerimis turun.......)