Selasa, 16 Oktober 2018


SEPUR LEMPUNG


Jaman sepur lempung
Sarapane sega jagung
Lawuh kluban lembayung
Monjo-monjone godhogan kangkung
Ora kebek seperes cemung
Jaman sepur lempung
Wong padha rekasa ora etung
Sinau ngadhep senthir latung
Esuk-esuk langes mlebu irung
Kaya lutung mambu karung
Ngang…ngung…ngang…ngung….
Sekolah padha mlaku
Ora nganggo seragam ora nganggo sepatu
Bocah ora padha wani saru
Duwe tekad nggolet elmu
Senajan mandheg njebol kelas telu
Wong tuwa esih padha lugu
Guru esih degugu lan detiru
Pak guru awake padha gering kuru
Kurang turu kurang sangu
Bu guru kurang ayu ora kemayu
Angger olih pekothor gedhene karotengah ewu
Padha cekakakan nguya ngguyu
Hua haha haha hua huhu huhu….
Weleh weleh………
Anak, putu, buyut,
Canggah, wareng butul udheg-udheg gantung siwur
Muga-muga padha dawa umur
Duwe awak nasibe mujur
Menangi jaman makmur jibar-jibur
Kepengin mukti kudu sing ngati-ati
Wanilara wani mati
Kepengin mulya kudu gelem rekasa
Aja seneng guleran dosa
Jaman makmur
Ora mung jamane wong sing urip neng dhuwur
Wong cilik sing rekasa gelem uwur
Sing sugih dawa tangane mripate blawuk lamur
Nilep pajeg rakyat jere nutur
Sekethip kena nggo plesir maring Singgapur ping selikur
Wis tlikur tambah ngawur…..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar