Selasa, 16 Oktober 2018


Aku Dudu Pujangga             BJ. Kardjit

Wengi kemulan pedhut
Peteng ndhedhet lelimengan
Angin nggawa grimis ngirim udan
Adhem nyokot kulit tumus daging

Ing wanci gagat raina
Aku isih angon ngumbar angen-angen
Apa sing bakal dhak sumbangake
Sawise mletheking bagaskara

Aku dudu pujangga
Kang wasis ngukir gurit
Ngrakit ukara

Aku uga dudu maestro
Kang trampil ngracik tembung
Ngripta tembang
Mawa basa rinengga

Aku uga dudu dhukun
Kang bisa ngusadani lelara
Sebel lan puyeng
Kanthi jopa japu japa mantra

Aku iki hamung rayat
Dadi rewang sanak kadang sabrayat
Nadyan upet kari sagebyaran
Muga-muga bisa migunani
Gawe bungah ati liyan

Aku iki hamung pamong
Tukang momong anak uwong
Nadyan damar kari saklerapan
Sapa ngerti bisa gawe padhang
Anak putu sanak kadang



Kali Jurig, Oktober 2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar