Si Mbah Uga
Manungsa BJ.Kardjit
Ing ari anggara jenar
Wanci suruping bagaskara
Surya kaping nemlikur rongewu sepuluh
Ing tapel wates tanah nggunuk
Wedus gembel ngamuk
Bareng karo bledug awu anget
Nyapu ereng-ereng wana
Kiwa lan tengen
Ngluluhake Kinah Rejo saisine
Ing Cangkringan
Padhukuhan pucuking Sleman
Ing ari anggara jenar
Wanci suruping bagaskara
Surya kaping nemlikur rongewu sepuluh
Merapi njeblug…..
Ngukutumah kuncen mbah Marijan
Tumpes….ndadekake udan luh
Grimis tangis
Banjir getih….
Nggegirisi………
Kanthi pasrah lan sujud
Mbah Marijan milih kondur
Ngadep ing ngarsane Gusti
Nyawiji rohing Merapi
Kabeh mau mbuktekakae sawijining kasunyatan
Dene ngelmu ilmiah ing pawiyatan luhur
Bisa ngasorake ati kang atos ngluwihi waja
Ora ana sing salah
Kabeh bisa seleh
Si Mbah uga manungsa
Urip iki pindhane wayang
Ana sing nganggit
Ana sing nata
(Hasbunallah wa ni’mal wakil
Ni’mal maula wa ni’man nashir)
Genting,
Oktober 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar