Gumbeng Pring Tali Kardjito Kardjit
Neng
wayah sore
Nalika
angin glewehan karo srengenge
Neng
lemah rata rapet neng suket
Krungu
sewara gumbeng pring tali
Nyumbang
wara-wara
Kahanan
ganti ora kepengin bali
Neng
wayah wengi
Nalika
wulan dolanan karo lintang
Neng
umah kulan pedangan
Krungu
kidung tengah wengi
Gerongan
gumbeng pring tali
Nyumbang
wara-wara
Kahanan
ganti ora kepengin bali
Neng
wayah esuk
Nalika
embun uber-uberan karo pedhut
Neng
pinggir sawah
Esih
krungu sewara gumbeng pring tali
Senajan
lirih nyanthel ati
Ting
tung ting brung iwak ayam…
Sega
jagung ora doyan
Munggah
gunung olih prawan…..
Ting
tung ting brung kiye
Crita
si Mbah jaman semana
Sekiye
wis deganti
Sewarane
ring tone lan orgen tunggal
Sing
ngebeki langit
Gumbeng
pring tali
Nyumbang
wara-wara
Ning
sekiye mbuh neng endi
Prit
Ganthil, Oktober 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar