Selasa, 16 Oktober 2018


Parikan Lawas Wong Banyumas

Darkim bin Darnuji putune kaki Rasmiarji
Guru benuman taun sangang puluh siji
Neng SD Negeri Suka Melasi
Kecamatan Semoga Sida Mukti
Tekan siki urung sertifikasi
Esih akeh tunggale ora kena dekemelasi

Bola bali nabok bathuk ngelus dhadha
Ndeleng mentheleng kahanan sing nyata wera-wera
Si Iswera anakke ibu Risrawa wong Sokawera
Pintere ora sepiraha rajine ora patia
Tembe nem, taun nampa SK
Numpak portofolio langsung kegawa
Lega, lega, lega……..lega………

Wanti-wanti ora kena meri ora kena iri
Urip ana kalane pait ana kalane legi
Padha sing seneng aja degawe ati
Kabeh mau sing ngatur Gusti
Rekasa dhisit mukti keri
Sing penting padha guyub rukun lan ngati-ati
Dunya brana ora degawa mati

Kathok biru klambine ireng
Nyolong terasi lebokna slepa
Dadi guru kudu sing seneng
Urung sertifikasi ya ora papa

Nguculi kutang aja depuntir
Angger depuntir rusak taline
Kakehen utang aja depikir
Angger depikir rusak atine

Godhong nyangku nggo wadah benter
Nggawa cipir nduwur sekuter
Senajan ngaku sing paling pinter
Ora mikir batir mati keblinger

Esuk-esuk wis kasak-kusuk
Njugur methuthuk methenguk ngelus-ekus bathuk
Mingak minguk karo manthuk-manthuk
Mikir utang sing wis numpuk
Kelalen adus kelalen raup
Kucluk…..!Sumbang, Oktober 2009


Tidak ada komentar:

Posting Komentar