Selasa, 16 Oktober 2018


Gumbeng Pring Tali             

Kardjito


Ing sore
Nalika angin gegojegan karo srengenge
Ing tegalan tanah rata padhang sesuketan
Keprungu swara gumbeng pring tali
Nyumbang wara-wara
Kahanan ganti ora bakal lali

Ing wengi
Nalika rembulan gegojegan karo lintang
Ing umah lan pedangan
Keprungu kidung tengah wengi
Kairing gumbeng pring tali
Nyumbang wara-wara
Kahanan ganti ora bakal lali

Ing esuk
Nalika embun gegojegan klaro pedhut
Ing pinggir sawah
Esih keprungu swara gumbeng pring tali
Nadyan lirih merak ati

Ting tung ting berung iwak ayam…
Sega jagung ora doyan
Munggah gunung olih prawan…..

Ting tung ting brung iki
Crita si Mbah jaman semana
Saiki wis diganti
Swarane orgen ring tone lan orgen tunggal
Kang ngebaki angkasa

Gumbeng pring tali
Nyumbang wara-wara
Ning saiki wis padha lali

Tidak ada komentar:

Posting Komentar