Bapa Biyung
Sore kemulan
pedhut
Nggawa angin campur grimis
Adheme ora uwis-uwis
Dhong godhong meniran
Inyong ngendhong ora rubungan
Mbang kembang ciplukan
Sinau bareng ora dolanan
Nggelar klasa tanpa kampil tanpa guling
Njagong setengah thongkrong
mbukak buku udu piring
Silah slonjor jejege dhoyong miring-miring
Engsad-engsod kathok guluh klambi nglinthing
Lungmayan ngesuk mlebu ora kepontang-panting
Sore kemulan pedhut
Inyongkemutan bapa biyung
Sing lagi metonggo
ngenteni inyong
Sore kemulan pedhut
Nggawa angin campur grimis
Adheme ora uwis-uwis
Dhong godhong kelapa
Inyong ngendhong kemutan bapa
Mbang kembang lembayung
Ati nggrentes kemutan biyung
Bapa siji biyung
siji
Kabeh tek jaga
ngati-ati
Aja ngasi
gawe lara
Aja ngasi
gawe gela
Apa maning ngasi
durhaka
Aku baliiiii……..Yuuuunnnnngggg….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar