Selasa, 16 Oktober 2018


Geguritan

Ajar Waskitha               Kardjito kardjit

Muridku,
Sadurunge kowe mukti
Ngundhuh wohing pakarti
Bisa nglungguhi kursi dhampar kamulyan
Ombenen tirta paweling winisuda

Sinaua marang lakune wulan lan bagaskara
Kang ora wedi kesel tansah ngirim pepadhang

Sinaua marang rukune kartika lan gegana
Kang ora bosen gawe padhang sesawangan

Ngajia marang kasetyane rina lan wengi
Kang gumati ngati-ati
Ara nate geseh menehi titi wanci

Muridku,
Mlakua mangulon
Tututana lakune srengenge
Mumpung isih padhang
Singkirna kabeh pepalang
Kukuden mungsuh bebuyutane Prabu Rama
Kang mbiyen nate mboyong Dewi Shinta
Ngasorake Prabu Rama
Dene sorot katutup wana kalinglingan arga
Manjing ing dhasar samudra
Iku wis dadi samestine

Muridku,mlakua mangetan
Pethuken lakune rembulan
Ing wengi iki
Wasuhen sukmamu nganggo iman lan takwa
Lungguh sila khusu lan tafakur

Ajar waskitha
Marang umah balimu
Panggonanmu siki
Panggonanmu mbesuk

Tidak ada komentar:

Posting Komentar