KLONENG-KLONENG
Kloneng…..kloneng……..kloneng!!!!
Kiye
udu sewara sepur
Sing
lagi mlaku neng setasiun Karanggandul
Kloneng….kloneng……kloneng!!!
Kiye
udu sewara lonceng
Sing
muni neng pucuk gereja
Sebab
neng kene anane masjid lan mushola
Kloneng…..kloneng……kloneng!!!!
Kiye
uga udu onine bel sekolah
Sebab
sekiye mbeke jam nem punjul selawe
Kloneng-kloneng
kiye
Sewara
sekuter enam Sembilan
Sing
lagi dhindhek-dhindhek tretehan
Mlayu
kaya wong mlaku nggawa sedhetan
Maring
sekolahan
Ngosssss….cegrek,
ngoossss cegrek ngik….!
Kiye
udu sewara sekuter bodhol wingi sore
Ngossss…cegrek,
ngooossss…cegrek ngik….!
Kiye
sewara ambekane inyong sing bubar degawa mlaku setengah mlayu
Mergane
tumpakan winginane wis dejaluk sing duwe…..
Ngosss…cegrek,
ngooossss… cegrek, ngikkkkk…..
Pangapura
inyong keri nyambut gawe
Tulung
omongna maring kepalane!
Cegrek
ngiikkkkk…….!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar